Ing jaman
biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan
tentrem sing dipimpin karo Prabu Baka.
Nanging
kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane kalah
amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo
senjatane Bandung Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga isok
naklukno kerajaan Prambanan.
Pada wektu
Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget.
Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso
nglamar Roro Jonggrang.
"Roro
Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro
Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso "Aku gelem dadi
permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa
iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno
aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi,
Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno
perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake
karo Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso nggarap permintaake dewe. Roro
Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro
Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga
sing wangi. Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan
langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999, tapi kurang 1.
Bandung
Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung
bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.
Sumber : http://zanetazandy.blogspot.co.id/2012/11/roro-jonggrang-dalam-bahasa-jawa.html